04 September 2009

Jl. Laban RT 01 RW 05 Dk. Jatimerta Ds. Jatibogor - Suradadi - Tegal

Neng kidule masjid Al Azhar Dk. Jatimerta, ana umah cete warnane ijo kuwe umae enyong. dibangun awal 2007 terus wulan juline nembe tak tenggoni soalen sebelume kerja neng Jakarta. awale ya tenggoni dewekan, wong waktu kuwe durung nduwe bojo sih. sebenere ning ngiringane umah ana jaratan, tapi ya enyong sih biasa-biasa bae. maunen sih rada wedi, tapi tak pikir-pikir ning wedi terus berarti nggal dinane enyong uripe ora bahagia...

Menurute enyong sing penting aja mikir sing ora-ora, kuwe malah ndadekena wedi maring sing arane setan. padahal wong sing wedi juga urung tentu wis pernah weruh setan kuwe.
mbokaten ana sing pan dolan ya ancer-ancere kuwe miki.. ning wis teka masjid Al Azhar engko maring ngalor sekitar 100 meteran. angger sing arah liyani berarti langsung bae ndeleng plang sing ana tulisane DIMAS photocopy umahe warnane ijo.
angger umae wong tuane aku neng mbang kulone sing ana benkgel pit karo tokonan.

saiki enyong wis mbojo karo wong pemalang, otomatis uripe wis ora dewekan. mulai tanggal 31 Agustus wingi aku nyoba mbuka usaha kursus komputer paket office. muride tak nembe 3, tapi awit mulai kuwe aku olih pengalaman sing berharga. mudah-mudahan mengarepe ngajare luwih sip, terus muride nambah terus, amin..

0 komentar Anda:

Posting Komentar

Komentar Anda